Upacara Adat Ana ing Jawa Tengah
SAPARAN
REBO PUNGKASAN
Mapan ana ing Bendung Kayangan Pendoworejo Girimulyo
Kulon Progo Daerah Istimewa Yogyakarta, tradhisi Saparan Rebo Pungkesan s
dianakake dening warga masyarakat. Diadani dino Rebo Wage 25 Sapar 1943 Dal
utawa surya kaping 10 Pebruari 2010. Kejaba dirawuhi pangembating praja saka
Kulon Progo, uga saka Kabupaten Kulon Progo, uga saka Provinsi DIY. Rawuh
Kepala Dinas Kebudayaan Pariwisata Pemuda dan Olahraga Kulon Progo, Bambang
Pidekso lan Kepala Dinas Pariwisata Provinsi Daerah DIY, Tazbir. Para
pangembating praja Iku uga milu dhahar kembul sewu dulur, nyawiji bebarengan
karo warga.
Miturut katrangane Pak Tabir, anane tradisi iki ora mung
perlu diuri-uri. ‘’Nanging perlu terus dimemetri. Ing pangajab kejaba kanggo
nguri-uri lan memetri kebudayaan, kena kanggo asset pariwisata.’’ Pratelane.
Kejaba kui ditambahke dening Pak Tazbir, nalika paring sesorah, wewengkon
Kedhung Kayangan sesawangane katon endah. Saengga patembayatan antarane warga
masyarakat lan pemerintah, pelu banget terus disengkuyung. Tundhone, anane
tradisi iki kena kanggo narik wisatawan.
Sejatine, Saparan Rebo Pungkasan iki, miturut katerangane
sesepuh desa, Mulyono, klebu salahsawijining tradisi sing wis suwe diayahi
dening warga masyarakat Kulon Progo. Kepara wis diayahi atusan taun kepungkur.
Saparan diadani saben dina Rebo sing pungkasan ing wulan Sapar, mithurut
itungane kalender Jawa, mapan ing Bendung Kayangan. Ing bending iki, kali cacah
loro ketemu(tempuran), yaiku Kali Guturan lan Kali Ngiwa.
Saliyane kuwi, tradisi Rebo Pungkasan uga kanggo paring
pakurmatan marang Mbah Bei Kayangan sing dipercaya saka Majapahit. Karo
pendhereke cacah loro Kyai Somoita lan Kyai Diro ngumbara tekan desa kene, dadi
pepundhen. Kejaba gawe pomahan uga ngudi gawe sawah, mligine ing mangsa ketiga,
terus ngupaya gawe bendungan. Sakwise Mbah Bei ‘muksa’,bendungan iki diarani
Bendungan kayangan.
Kanthi cara tradisional, upacara Saparan Rebo Pungkasan mung
dumadi seka adicara jamasan jaran kepang lan kenduri Saparan, sing diarani
Dhahar Kembul Sewu Dulur. Jamasan jaran kepang ing Bendungan Kayangan. Dene
Kendhuri Saparan, kena diarani adicara kanggo pasedherekan sesame, pasedhuluran
marang sapadha-padha. Para warga nggawa maneka warna panganan, diwadhahi
tenong. Sawise didongani, dipangan bebarengan. Panganan sing digawe klebu
karemenane Mbah Bei Kayangan. Kayata bothok lele, panggang mas lan sekul
golong-giling.
Mlakune adicara Sapran Rebo Pungkasan taun iki katon
prasaja. Sawise warga masyarakat kang nggawa ugarampe klebu kanggo dhahar
kembul sewu dulur nglumpuk ing wewengkon Bendung Kayangan, udakara jam sawelas
awan tradisi wis turun temurun iki nuli diwiwiti. Kanthi sesorah saka panitia,
pangarsa saka Kabupaten Kulon Progo lan Provinsi DIY.
Ringkesan :
SAPARAN
REBO PUNKASAN
Upacara Saparan Rebo Pungkasan dianakake ing Bendungan Kayangan
Pendoworejo Girimulyo Kulon Progo Daerah Istimewa Yogyakarta tepate ing dina
Rebu Wage. Upacara menika didhawuhi kalian praja saka Kulon Progo, uga saka
Kabupaten Kulon Progo, uga saka Provinsi DIY. Rawuh Kepala Dinas Kebudayaan
Pariwisata Pemuda dan Olahraga Kulon Progo, Bambang Pidekso lan Kepala Dinas
Pariwisata Provinsi Daerah DIY, pejabat mau iku uga milu dhahar kembul sewu
dulur, nyawiji bebarengan karo warga. Sejatine,
Saparan
Rebo Pungkasan klebu salahsawijining tradisi kang wis suwe diayahi atusan taun
kepungkur. Saparan diakake saben dina Rebo sing kepungkur ing wulan sapar.
Upacara menika ancas tujuanipun kangge memetri tradisi lan kabudayan jawa,
nanging sakliyane kuwi, tradisi Rebo Pungkasan uga kanggo paring pakurmatan
marang Mbah Bei kayangan sing wis dipercaya saka Majapahit. Kanthi cara
tradisional, upacara Saparan Rebo Pungkasan mung dumadi seka adicara jamasan
jaran kepang lan Dhahar Kembul Sewu Dulur. Jamasan jaran kepang yaiku ngumbah
jaran kepang ing Bendungan Kayangan. Mlakune adicara Saparan Rebo Pungkasan
sakwise warga kang nggawa ubarampe klebu kanggo dhahar kembul sewu dulur ing wewengkon
Bendung Kayangan, udakara jam sewelas awan, tradisi mau sing wis turun-temurun
iku nuli kudu kita lestarikaken lan diwiwiti.
Mugi-mugi angsal manfaatipun.. :-)

0 komentar:
Posting Komentar